Tifathul Anindya Putri

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Nggawe Utri Singkong Nalika Liburan
Pinterest "Utri Singkong" https://pin.it/1WiEkCzrn

Nggawe Utri Singkong Nalika Liburan

Dening: Tifathul Anindya Putri / 28 / IX-E

Liburan sekolah iki, aku ngentekake wektu ing omah. Tinimbang bosen, sore kuwi ibu ngajak aku nggawe jajanan tradisional, yaiku utri singkong. Wiwitane aku kurang ketarik amarga aku durung nate nyoba. Nanging, pungkasane aku setuju. “Nduk, mumpung lagi prei, ayo rewangi Ibu gawe utri singkong” kandhane Ibu. "Inggih, Bu. Nanging kula mboten nate damel, angel napa mboten?" wangsulanku ragu - ragu. Ibu mesem karo ngendika, "Ora susah. Tak warai, kene gawe bareng-bareng."

Ibu njupuk singkong saka pawon sing wis dikupas lan direndhem wiwit esuk. Aku dipundhawuhi ngupas klapa lan ngiris gula aren, dene ibuk wiwit marut singkonge. “Bu, parut singkong ki gawe kesel ta? pitakonku marang ibu. Ibu mung gemuyu lan mangsuli, "Masak tradisional pancen mbutuhake kesabaran, Nduk. Yen wis kesel, ngaso sedhela. Nanging aja lali, iki minangka bagean saka katresnan kang awake dhewe lebokake menyang masakan." Aku ngguyu karo mangsuli, "Oh, dadi seneng iku asale saka kesel, ya?" Ibu geleng-geleng karo mesem. "Lho, ora kaya ngono, nanging masakan iku luwih istimewa yen digawe kanthi usaha." Sawise singkong wis diparut, dicampur karo klapa parut lan uyah sethithik. Ora lali, ibu nambahake gula abang sing wis tak potong mau, supaya rasane luwih legi lan gurih. Ambune klapa lan gula abang wiwit muncul, nggawe aku tansaya bungah. “Saiki, jupukna godhong gedhang sing digole mari ngono adonane dibuntel” kandhane ibu. Aku langsung njupuk godhong gedhang sing seger iku. "Saiki bentukno adonane dadi bundher cilik, aja nganti gedhe-gedhe. Mengko matenge angel. Banjur bungkus nganggo godhong gedhang" prentahe ibu. "Inggih, Bu! Siap-siap," wangsulanku semangat. Aku,Ibu lan uga mbakku padha sibuk mbentuk adonan lan mbungkus siji-siji. Sanadyan wiwitane rada angel, tansaya suwe tansaya kulina.

Sawise kabeh adonan wis dibungkus, banjur digodhog ing panci gedhe sing wis disiapake ibu. “Nduk, ojo lali ditutup pancine, supoyo mateng,” kandhane ibu. Aku nutupi panci karo ati ati. Proses masak iki nggawe aku rumangsa kaya koki sejati.Nalika ngenteni utri masak, ibu ngandhani yen jajanan iki asring digawe dening mbah putri nalika piyambake isih enom. "Utri iku jajanan nostalgia, Nduk. Mbah biyen gawene kanggo keluarga besar. Rasane ndadekke aku kangen karo masa cilik," kandhane ibuku karo mesem. Aku dadi tambah penasaran arep nyoba.Sawise mateng, awake dhewe ngetokake utri sana panci lan ditata ing piring. Nalika nyicipi, aku langsung gumun. "Bu, enak banget!" Omongku kanthi semangat. Ibu mesem marem ndelok reaksiku.

"Seru ta, pas preian kaya ngene iki, nyoba gawe jajanan?" pitakone. "Bener Bu! Liburan iki ora sia-sia. Aku dadi ngerti cara nggawe utri singkong kang jebul gampang lan enak banget."Dina iku dadi momen sing berharga kanggo aku. Aku rumangsa seneng bisa nyoba nggawe jajanan tradisional karo ibuku. Ora mung ngisi wektu liburan, aku uga dari ngerti yen panganan gaweane dhewe tansah nduwe crita lan kehangatan ing mburine.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post