Vanesa

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Reno-reno kedadeyan malem tahun baru
koleksi poto pribadi

Reno-reno kedadeyan malem tahun baru

Dening: Vanesa 9I

Ing wayah bengi ning dino terakhir tahun 2024 langit katon gelap lan mendung, langit banjur ngetokne tangise. Ing malem iki wong-wong podo ngerayakake tahun baru, senajan cuacane ora mendukung.

Aku sing lagek muleh tekan sekolah diniyah asline di ajak kanca-kancaku malem tahun baru an, “Mbak Sa, saman tidak melu bakar-bakar nek ngomahe Anis?” Pitakone Nazila marang aku. Nanging keluargaku ugo ngadaake bakar-bakar, “Ndak e Zil, omahku yo arep bakar-bakar.” Sautanku marang Nazil. Aku malih ora melu dheweke bakar-bakar ning omahe Anis. Aku banjur ndang-ndang muleh amerga udane saya sue saya deres lan langsung nyepak-nyepakne perlengkapan di enggo bakar-bakar.

“Sa, tulung jupukno ice drop ning ngomah e Alya.” Kongkone om Adi marang aku. “Iyo.” Jawabku, banjur kui aku langsung budal menyang omahe Alya. Sakwise njupuk es aku dikongkon bapakku njogo iwak lan pentol sing urung dibakar supaya ora digondol kucing. Dene om Adi lagi nyiapne areng kanggo mbakar iwak lan bulek Shovi sing nggawe bumbu dienggo ngolesi pentol sakdurunge dibakar.

Sakwise kui aku menyang mburi amerga arep ngganti klambiku sng teles kudanan wayah muleh sekolah diniyah. Nanging wayah aku mbalek saka ganti klambi, wis ana kucing Ireng putih nyandak pentol sak sunduk. Tibake wayah aku iseh ganti klambi kucing mau wes nyolong pentol banjur kucing mau di gowo metu bapak sak pentol-pentol e.

Aku banjur moto kucing kemau sing isih ngedep pentol sak sunduk colongane, kayake kucing kui pengen ngewangi mbakar pentol lan iwak. Sakwise iku aku ngirim poto lan nyeritakne kedadeyan kui marang kanca-kancaku. Aku uga kekel ndelok tingkah kucing kui, pentol durung dibakar wis dicoba.

Wayah wis mulai mbakar aku ning kunu nunggoni sinambi dolanan hp, tibake Nazila tas muleh klumpukan saka omahe Anis bar rundingan kanggo bakar-bakar. Jebule dheweke ora sido bakar-bakar amerga Anis ora ana ning omah.

Bar kui ibukku nyelok Nazila supaya mandek disik, “Eh zil, kok yo udan-udanan, rene o sek iki lo es.” Celuke ibuk. Banjur kui ibukku menehi Nazila es sing tak jupuk tekan ngomahe Alya. Nazila ugo dikongkon mangan pentol bakar sing wis mateng karo ibukku tapi bocahe wegah, “Mboten, matur suwun bu.” Saurane Nazila. Mari ngunu Nazila langsung pamit muleh amerga selak kewengen lan omahe lumayan adoh pisan ngunu bocahe mlaku dewe liwat dalan sing kiwa tengene isih tegalan.

Ning kunu aku ngrasakne wetengku rasane begah, amerga sakdurunge budal sekolah diniyah aku ngombe obat tanpa mangan sega disik. Akhire aku dikongkon ibukku supaya wetengku ndang di iseni sega. “Gek ndang dipangani kono, pumpung pentol e wis mateng.” Dawuhe ibuk marang aku. Aku ndang-ndang ngeler sego kanggo dipangan karo pentol sing wis dibakar mau.

Banjur kui ibukku ngongkon ibuk bapake Alya supaya moro ning omah kanggo mangan bareng ning malam tahun baru. Nanging Alya ora melu ning omah, tibake bocahe tas muleh bar metu dolan karo Rahma. Ibuke alya ngongkon aku supaya ngejak alya ning omah, akhire alya tak ongak saka dalan amerga ora andang-ndang moro, ternyata bocahe ngemper dewean ning ngarep omahe. Amerga ning omah ora enek bapak ibuke, dheweke ora wani mlebu ning omahe dewe.

Bocahe wis tak bengoki supaya moro ning omahku, tapi bocahe malah polah sak karepe dewe ning emper omahe. Akhire tak tinggal mlebu menyang ngomah amerga wetengku isih krasa begah, banjur kui aku mlebu kamar kanggo nurokne awak ternyata wong-wong wis bodo ringkes” lan bodo istirahat dewe”.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Bagus banget cik

11 Feb
Balas



search

New Post