Ayu Ning Tyas

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Plesiran Ing Gunung Bromo
Pinterest. "Bromo Landscape." https://pin.it/4zY0J13xP

Plesiran Ing Gunung Bromo

Dening: Ayu Ning Tyas IX-E/06

Aku lan telu sepupuku, Jesslyn, Kaira, lan Bella, Budhal nang Gunung Bromo. Jujur wae, aku ora terlalu nggagas opo-opo. Aku mung manut, sing penting budhal lan nikmati. Jesslyn sing paling semangat ngomong soal sunrise lan lokasi apik kanggo foto. Kaira lan Bella mung mikir soal outfit sing bakal diunggah nang Instagram. “Ayo, kita kudu cepet tekan sunrise point sakdurunge srengenge madhep!” celuk Jesslyn, sing wis kebak semangat. “Aku sih santai wae, sing penting tekan.” kandhaku, males mikir kabeh detail.

Nang tengah dalan, langit katon mendhung banget. Awale aku ora terlalu peduli, nanging Jesslyn mulai panik. "Piye iki? Kok mendhung banget, ya? Sunrise-ne bakal ilang!” celuk dheweke, suarane wis kebak rasa kuwatir. “Aduh, Jess. Santai wae. Ora mung soal sunrise, to?” Kaira malah luwih fokus karo dandanan. “Duh, muga-muga ora udan, ya. Foto-foto kita bisa rusak nek kaya ngene,” Bella melu-melu kuwatir. Aku mung mesem. “Kowe kabotan mikir foto, ah. Ben wae, sing penting isih iso nikmati Bromo.” Nanging, ya, aku melu mikir uga—yen nganti udan, ya eman-eman budhal adoh-adoh. Pungkasane, udan wiwit tiris. Jesslyn bener-bener panik. “Piye iki? Kita ora bakal iso ndelok sunrise nek udane deres!” Aku mung lungguh nang kursi mburi, ora peduli banget. “Yo wes, yen udan ya udan. Piye maneh?”

Sesampai nang sunrise point, udan mandheg, nanging langit tetep mendhung. Sawetara wisatawan liyane milih bali, nanging kita tetep wani mudhun saka mobil. Ora suwe, angin wiwit nggegirisi, lan mega-mega mendhung iku pungkasane geser adoh. Langit mbukak, cahya jingga katon alon-alon saka mburi gunung. “Wah, jebule apik tenan, ya!” celuk Jesslyn, matane sumringah. “Lah, opo aku ora ngomong? Kadang ora kabeh kudu sampurna,” wangsulku santai. “Bener banget, iki malah luwih dramatis!” Kaira melu bungah. Bella sing sakdurunge panik saiki sibuk njepret foto kene-kono. “Ora nyangka iso entuk foto apik kaya ngene!” Kabeh pungkasane puas karo pemandangan kuwi. Ana sing foto-foto, ana sing mung lungguh nikmati hawa seger. Aku mung nyawang, merga, ya, kuwi sing aku senengi—nikmati momen tanpa kudu nduweni ekspektasi sing gedhe.

Nang dalan bali, Jesslyn sing biasane optimis saiki dadi luwih santai. “Kadang pancen kita kudu luwih nyantai. Jebule mendhung uga iso apik.” “Iyo, sing penting kan kita bareng-bareng?” wangsul Kaira karo nyandarke sirah ing jendela. Aku mung angguk. “Yo, sing penting iso budhal, ora peduli cuacane kaya apa.”

Kabeh dadi pelajaran, saben perjalanan ora mung babagan nggayuh tujuan, nanging uga proses lan pengalaman sing ditempuh bareng. Saben langkah, saben ambegan, saben pandang sing katon saka pucuk bukit utawa pinggir jurang, kabeh duwe maknane dhewe. Ing saben lelampahan, aku sinau babagan ketekunan, sabar, lan nikmati momen cilik sing kadang ora katon nanging pancen bermakna. Plesiranku iki ora mung ngolehake pemandangan sing apik, nanging uga rasa syukur kanggo saben detik sing tak lakoni. Saben obrolan karo kanca perjalanan, saben guyonan ing tengah dalan, lan saben tantangan sing kudu diselesaikan, kabeh iku dadi bagian saka crita sing ora bakal luntur ing pikiran.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post