wisata ing pantai coro
pas dino minggu tanggal 29 desember aku kepengen ing pantai, aku ngejak ibu lan adek ku untunge ibu lan adek ku gelem, aku langsung wae nggoleki rekomendasi pantai sing apik ing tulungagung, bar sui nggolek akhire aku nemu rekomendasi pantai sing apik ing tulungagung, yaiku pantai coro, pas kui yoan aku, ibu, lan adek ku langsung wae siap-siap, jam 10 adewe mangkat ing pantai coro, perjalanan menuju pantai coro ibu ku mandek ing bakol ayam geprek amargo adiku pengen ayam geprek, ndak mek tuku ayam geprek, ibu ku tuku es teh jumbo lan gorengan, bar tuku kui aku, ibu, lan adiku langsung wae mangkat, dalan pas arep teko pantaine angel banget, dalan e sek batu-batu mrengkel, setibane ing pantaine aku, ibu lan adiku rodok kaget amargo pantaine uapik, "masyaAllah sa pantai ne apik banget yo sa" omonge ibu ku, "nggeh buk, maskipun dalane angel tapi kabeh kui iso dibayar teko keindahan pantai ne iki buk" jawab ku, pantai ne kui emang sek uapik banget amargo jarang enek sing weruh pantai kui, warna banyu ne biru, pasir e sek putih, trus ndek kono enek watu-watu sing aesthetic. aku lan adiku langsung wae ing bibir pantai ne kui, "kak kerang-kerang e apik banget, aku oleh nggowo mulih ndak...? " pitakone e addhi ku karo mringis, "oleh dek, tapi ojo jupuk akeh-akeh yo, amargo iso ganggu ekosistem" jawab ku karo ngelus rambut e adiku. Aku langsung wae foto-foto, ibu ku ngejak foto bareng, tanpa roso isin ibu ku ngawe mbak-mbak "mbak tulung fotono yo, matur suwun" omong ibu ku karo ngguyu, "nggeh buk, sami-sami" jawab mbak-mbak karo ngguyu, langsung wae aku ibu, lan adiku foto. Mari foto aku moro ing watu-watu sing gedi, aku pengen dewe, pengen menikmati pemandangan sinh uapik, ben enek kenang-kenangan aku foto-foto pemandangan-pemandangan sing menurut ku apik, Bar puas aku, ibu lan adiku langsung wae pengen mulih tapi adiku emoh mulih sek, "aku pengen dolanan ayunan sek buk" omong e adiku karo nada sing ngrayu, "yowes lek no nduk dolanan o sek" jawab ibu ku. Bar adiku kesel dolanan, akhire aku, ibu, lan adiku mulih, pas tengah-tengah perjalanan meh tibo, amargo ndak sengojo melbu dalan sing bolong, goro-goro kui ibu ku kelangan keseimbangan, tapi untunge ibuku iso ngedekne montor e neh, aku lan adiku selamat alhamdulilah. Tapi ing tengah-tengah perjalanan udan deres kang diiringi karo bledhek uga mudhun, pungkasane aku lan ibuku menepi sedhela, awake dhewe nunggu udan kang deres iku reda, sawise udan sathithik reda, kita mutusake kanggo budhal sinambi nganggo jas udan. Setibane ing desa tanon ibuku ngajak aku lan adiku kanggo singgah menyang warung mangan, warung iku nyedyakake bakso, mie pitik, seblak, roti ambal warsa, jajan-jajanan, lan aneka ombe, aku lan adiku pesen seblak dene ibuku mesen bakso, sawise rampung mangan lan wareg, awake dhewe langsung wae lunga saka warung iku lan nerusake perjalanan pinuju omah. Setibane ing omah adhi lan ibuku adus karo keramas, dene aku isih asik ngowah foto-foto kang wis ku jepret ing cap cut.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar