Prasasti Dwi Rizki Suharyono

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Liburan Malah Loro
https://pin.it/75rUlgPTu

Liburan Malah Loro

LIBURAN MALAH LORO

Dening:Prasasti Dwi Rizki S (9E)

Sakwise ujian sekolah aku diparingi prei 2 minggu, saben dina aku nindakake kegiatan kaya biasane, contone ngresiki omah, ngumbah klambi lan ngumbah piring. ing minggu kapindho dumadhakan ana benjolan ing mburi kuping lan lara banget nganti aku mangan nganti nangis kesakitan lan pungkasane aku ngandhani bapak lan ibu yen ana benjolan ing mburi kuping sing krasa perih lan perih." pak buk niki teng nopo kok enten benjolan" takon ku,"wedine gondongan"ucap ibuk bapak sing khawatir langsung ngejak aku priksa ning klinik, "youwis bariki langsung periksa ae"ajak bapak,"nggih pak buk" ucap ku sing panik keloroan akire gelem priksa, mergane biasane aku ora gelem periksa yen lara, akire siap siap lan mangkat budal.

Ning perjalanan tibak e dalan seng tak liwati longsor setengah, dadi liwate gantian ning dalan longsor kui untung e enek uwong sing jogo dalane supaya bisa lewat gantian lan ora macet, sakjane ono dalan trabasan tapi dalam trabasan iku kanggo mobil, truck, lan angkutan, sakjane iso liwat dalan iku tapi kudu sabar dadi bapaku milih liwat dalan longsor iku. Saktekane ning klinik bapaku kan aku nunggu jenengku di celuk. Sawise di celuk aku di takoni dokter"keluhan e nopo iki?" takon dokter e, "sakit ning belakang kuping lan enten benjolan bu dokter" jawab ku.Lan pener ae jebule aku gondongan.Sakwise di priksa dokter aku njupuk obat nek panggon obat, bar kui aku langsung mulih ngeliwati dalam mau.

Saktekane aku ning omah langsung di takoni ibuku" lara apa maeng omongke dokter"takone ibuk, "sakit gondongan buk" jawabku. Dadi aku langsung sarapan lan ngombe obat masio dingge mangan lara, tapi orapapa mergane aku eroh iki sementara lan aku kudu sabar, aku tas kelingan yen dhokter wis manehi saran karo ngompres banyu anget lan mangan panganan sing lembut, akhire aku mangan bubur sing di tuku ibu ning pasar.Sakwise aku mangan aku langsung ngombe obat sing di wenehi dhokter mau, lan aku ora lali ngompres gondongan mau.Akhire wis bengi lan aku turu, pas turu aku ngempet lara amarga sing aboh ning buri kuping ana 2,akhire turu ku madep dhuwur. sesok isuk e aku tangi turu aku ngrasak e lara banget amarga tambah abuh

aku langsung nggodhok banyu kanggo ngompres gondongku. Sakwise ngompres ibu dhawuhi aku mangan jenang sing di tuku ibu "zSas bariki ndang sarapan wis tak tumbasne jenang" dhawuh ibu, "inggih bu kulo maem" jawab ku.sakwise mangan aku iling sepatu ku urung di umbah amargi bariki wis masuk sekolah, aku langsung nggolek sepatuku lan langsung ngumbah banjur mepe.

Nng malem tahun baru aku mung bisa nyawang kanca-kancaku sing seneng-seneng , lan aku mung bisa leren ing omah nalika lara, daripada aku nyawang i kanca kancaku dadi aku milih turu. sisuk isuk e aku tangi turu lan gondongan ku isih lara, amarga aku iling lek arep sekolah aku langsung nyetrika kabeh klambi ku dingge sekolah. Telung dina mengko gondongku wis ora krasa lara maneh lan aku mulai bisa ngunyah kanthi lancar, nanging suwe-suwe dadi rata lan aku bisa sekolah kanthi sehat.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post