Nisa

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
LIBURANKU

LIBURANKU

Ning dina Sabtu wayah liburan sekolah diingi aku lan keluargaku mlaku-mlaku menyang kebon binatang ndek Surabaya.Aku lan keluargaku budhal jam 06.00 isuk numpak mobil, jam 07.50 aku lan keluargaku minggir is rahat gawe mangan, soale budhal mau rung sempet pada mangan. Sawise kui lanjut perjalanan meneh, ing sepanjang dalan adekku turu ae soale ndak enak awak. Ning dalan perjalan ee budhal nggak terlalu rame dadine gelis tekone. Sak tekane nek kebun binatang ruame ngan kangelen golek parkir amarga kabeh wes pada penuh. Akhire entok parkiran tapi parkir an e lumayan adoh karo jarak e kebun dadine maleh mlaku rada adoh. Sawise tekan ning kebon binatang tanteku langsung tuku tiket, dikana aku keliling. Ning kebun binatang aku ndeleng kudanil sing sik turu nk njero banyu, aku uga makani rusa karo jerapah, jerapah e duwur-duwur ngan kudu munggah sek ben iso makani jerapah. Dikana akeh pirang-pirang jenis macam-macam hewan ana orang utan, kudanil, buaya, rusa, banteng, jerapah, manuk merak, unta, kura-kura, singa, gajah, monyet, kelinci lan isih akeh meneh macem-macem e. Lan aku ngaso ning ngisor wit sambi karo mangan sosis lan ngombe es jeruk, sawise ngaso aku terus mlaku-mlaku meneh nde kunu ana orang utan lucu-lucu, sawise saka kandang orang utan aku foto-foto, sawise foto-foto aku lanjut mlaku- mlaku maneh. Aku ketemu gajah ibuk lan anak ee jan awake gedhe-gedhe, sawise saka kandang gajah aku lanjut ndelok kandang buaya, buayane Wsedang turu ning jero banyu, awak e gedhe dowone meh setengah kolam. "Uti og kesel, samean kelilingo ro adik ae u tak ngenteni kene ro tantemu," ujar u sambari leren ning kursi ngisor wit-wit an. "Mengko lek mbalik e aja sui-sui yo, aja adoh-adoh," ujar tante tante, Sawise kui aku awab "enggehh, mek kene-kene ae," ujarku marang tante, barno aku lanjut mlaku-mlaku kambe adekku krana kabeh sik leren ning kursi-kursi ngisor wit-wit an. Aku karo adekku lanjut mlaku-mlaku wong loro, pas mlaku-mlaku adekku lan aku ndeleng enek monyet-monyet lucu. "Kak tulung samean potokno aku ro monyet," ujar adik, barno sawise kui aku mlaku-mlaku neh, sawis kui aku mbalek menyan keluargaku amarga wes kesoren. "Wes katene mlebu ashar, leren sik ae nek sanding kunu ana masjid salat disik wae nek kunu barno lanjut maneh," ujar uti pas katene budhal perjalanan mulih. Sawise kui adewe langsung lanjut perjalanan pulang. Pas nek perjalanan ujuk-ujuk krasa lue akhire minggir golek warung pinggir dalan, nek kunu warunge dodolan reno-reno, sawise kui aku ra tek marem soale menurutku panganane podo enak-enak pol. Sawise kui aku lanjut perjalanan muleh, nek perjalanan aku mek turu tok soale kesel campur ngantuk. Ora krasa bae wes jam 06.10 wes teka jombang, nek kunu keluargaku karo aku mampir sik menyang makan e Gus Dur, sawise teka kunu makam e sik tutupan.Ning ngarepe panggon makam e ana pasar u ku langsung takon kapan makam e buka, jerene ibuk-ibuk seng bakul nek kunu buka e jam 08.00, akhire adwe ora sido menyang makam e, sawise kui keluargaku karo aku mlbu pasar nganggo solat magrib nek musholane kunu. Sawise kui karo ngenteni u mari solat aku, adekku, mbakku, lan tanteku mlaku-mlaku tuku ning pasar, ning kunu aku ndeleng gelang karo cincin apik-apik. Sakwise tuku-tuku aku di kon mbalik menyang mushola takok uti salat e mpun rampung dereng u ku salat e wis rampung pa durung. "Tii salat e mpun rampung dereng" takonku menyang u . "Iya nduk Iki u ws mari" ujar e u sambari nglempit rukuh seng tas diagawe salat. Sawise kui aku lan keluargaku lanjut neh perjalanan muleh. Ning perjalanan aku raiso turu ngan ujuk-ujuk wes teko Kediri. Sak tekone ning kediri aku keturon ning mobil ngan tangi ujuk-ujuk wis sampe ing umah, sawise teko aku langsung isuh, gan klambi, solat isya' barono sawise salat aku langsung mapan turu ning kamar.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post