Navigasi Web
LOMBA HADROH (tugas bahasa Jawa)
Koleksi foto pribadi

LOMBA HADROH (tugas bahasa Jawa)

Dening: Kinara Cahaya Siami Ramadhani 9A (12)

Wingi kae, pas liburan semester, aku ora iso liburan penak, aku kudu latihan hadroh digawe lomba menyang SMK "Sore" Tulungagung, aku lan koncoku setim latihan sing tenanan, ngarep ngarep juara 1, saben dino aku mesti latihan, aku di kongkon dadi vocal sing nyanyi nggae suara valseto, iku nggae suaraku gampang cepet entek, nanging aku panggah mekso awakku ben panggah iso nyanyi, persiapan e timku wis dilakoni sing terbaik.

Sak uwis e latihan, kiro kiro 1 minggu, akhire dino sing di arep arep wis teko, 7-1-2025, aku lan timku mangkat neng SMK "Sore" Tulungagung, sak adoh e dalan aku mesti do'a ben iso oleh juara, ono kiro kiro setengah jam perjalanan, akhire awak e dewe teko neng sekolahan ne, sak uwis e parkir, aku lan konco koncoku cepet cepet moro neng aula Sunan Rahmat, aulane SMK "Sore" Tulungagung, neng Kono aulane gede lan adem, mergane dipasang i akeh AC, pas wis teko neng aula, urung wayah e timku tampil, aku lan konco koncoku nunggu peserta liane tampil disek karo nunggu giliran, awak e dewe sempet mlaku mlaku mubeng mubeng sekolah, karo ndelok ndelok lomba liane sing pas dilakoni bareng, sak uwis e sepuluh menitan awak e dewe mlaku mlaku, akhir e waktune timku tampil.

"Eh, ayo, wis wektune awak e dewe tampil," Zulfa, ngawe ngawe bocah liane, ngejak cepet cepet moro ing panggung, supoyo endang endang tampil. "Ayo ayo!, cepet," ujar e Alif ngejak i konco liane, akhire e aku lan konco timku, endang endang persiapan Munggah ing panggung.

Pas ning panggung, atiku dag dig dug koyok tatap tatapan karo doi, tapi Iki aku lagi tatap tatapan karo juri, sing nggarai atiku ndredeg, wedi salah lirik pas nyanyi, nanging aku lan konco koncoku tetap ketok profesional ben ora ketoro pemula, ono rong lagu sing kudu di nyanyekne, siji lagu wajib yoiku Mabruk Alfa Mabruk, sing keloro Khoirul Bariyah, lagu Iki wis tau di gawakne pas lomba ning MA Ma'arif Udanawu Blitar, Ning lomba kui aku lan timku iso oleh harapan 2, Saiki aku lan timku semangat tampil bin iso oleh juara 1.

Sak uwis e nggawakne rong lagu, aku lan timku medun soko panggung, awak e dewe sek nunggu ing aula, mergane pengumuman juara langsung dionekne sak uwis e kebeh peserta wis tampil, aku guyonan Karo koncoku karo nunggu pengumuman.

"Mugo mugo, awak e dewe iso juara siji yo, Cah," ujar Dea ing aku lan bocah bocah liane, "Iyo, mugo mugo, iso muleh nggowo juara siji, lan iso nggowo muleh pialane," ujarku, aku lan konco konco liane terus do'a, ngarep ngarep juara, awak e dewe ngelanjutne omong omongan seneng seneng.

Sak uwis e kabeh peserta tampil, juri-juri diskusi, bingung milih pemenang, nunggu 5 menitan akhir e pengumuman juara dionekne, aku lan timku ndredeg, ngarep ngarep awak e dewe entuk juara, mergane awak e dewe wis latihan sing tenanan, aku lan koncoku setim manjatne do'a supoyo entuk juara sakora ne juara harapan, nanging sak uwis e juara harapan entek di umumne, jenenge sekolahku ora kasebut sebut, sing nggarai atiku tambah deg-degan.

"Juara 3, di menangke...grup sholawat...Al-Muhibbin, teko MTsN 6 Tulungagung," suarane mbak-mbak MC sing menggelegar ngebek i aula, nggarai aku lan konco koncoku kaget, sing awali di pikir gak iso menang, tibak e oleh juara 3, aku lan konco koncoku kesenengan, sak uwis e Kabeh juara di celuk i, panitia lomba ngongkon foto Karo piala, mestine timku langsung foto foto Karo piala iki, sak uwis e sasi foto foto, awak e dewe sempet refleksi lan mangan, dinggo ngisi weteng sing wis keroncong keroncong. Aku lan konco koncoku muleh sak uwis e refleksi.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post