Preian nanging suwung
Dina keloro liburan kanca-kanca sak kelas ngenekne acara bakar-bakar neng omahe ketua kelas.Persiapane mulai jam setengah lima,nyiapne alat lan bahane,mbunmboni ayame,lan nyunduk nyunduki sosis Karo jagung.pas wayah mbakar kancaku panggah omong"hehh geni ne kurang gedi Iki".Wayah mangan yo panggah omong ae"satene ojo kok dep dewe". Sampek marine acara sak resik-resike jam 10,Mergo bakar-bakare sui tapi lek mangan cepet.
Mulai dina Kemis sak kelompokku mutusne diengge ngerjakne tugas basa Jawa ngae film.kelompokku dumadi saka 6 bocah seng 2 lanang lan 4 wedok.Dina pratama seng lanang ora enek seng iso jereke alasane"aku ora iso sikilku jektas di cokot keong".Karo sijine alasane"sepurane aku ora iso sek metu karo ibukku". dadi Dina kui mek ngerjakne cah papat.Adewe mulai ngerjakne jam setengah sepuluh terus pas wes bedug kancaku omong"leren sek yohh,kesel aku".Dina pertama ngerjakne tugas film entok enem menit.Panggen shootinge enek neng pekarangan wet jati mburine omahe kancaku seng panggene enek neng sembon.Dina Jumat e ngerjakne eneh nglanjutne seng wingi.Karo mikir piye lanjutane mergo crita ne ganti.Dina iki adewe Kabeh ngerjakne sampek sore.Terus dina Setu aku moro neng sekolahan diengge Poto bocah-bocah seng entok PIP.
Nalika preian aku ora neng panggen wisata ngendi-ngendi mergo bapak ku kerja ne ora prei. Dadi dina minggu aku karo embakku metu neng Tulungagung diengge tuku alat macak karo mubeng-mubeng Tulungagung.pas wayah mulih malah kudanan pisan mbakku omong"pehh kok udan to".Terus Yo tak sauri"deres pisan".Pas teko omah terus aku salin klambi barono dolanan ponsel eneh.Ibukku smpek omong"hp teross" barono yo tak Sauri"la nyatukno prei ra dijak neng endi ngono".
Dina-dina sakwise aku yo mek neng omah tok karo dolanan ponsel tak engge ndelok anime ben aku ora bosen.Tapi aku yo ora lali ngewangi ibukku masak,nyapu,umbah-umbah,lan liya-liyane. Saben isuk aku mesti tangi jam lima kurang limalas menit digugah ibukku"tangi solat disik".terus barono aku turu eneh barono tangi jam enem utawa jam Pitu.Barno aku nyapu-nyapu omah gek sarapan.Kegiatan ku nalika preian yo mek ngono tok terus sampek aku dewe yo waleh.
Liburan sepuluh dino kui yo kadang-kadang karo takengge nyicil tugas teko Bu Anis ngae pigura.Sampek aku ngremeng"prei ra koyok prei panggah enek ae tugase".Barno yo tak engge ngolek-ngolek info Babagan sekolah SMA,rata-ratanepiro,lan kapan pendaftaran e.
Pas wayah prei kae aku yo sempet ngae Jeli dewe pertama kaline.Terus pas wayah umup lakok kutah ngeneki kompor gek aku malah mek mbengok"Bukk ibukk ini piye".Barono ibukku nyauri"nyatok adahmu kurang gedi nduk".Barkui kompor e tak patene terus jeli ne tak pindah neng adah seng luweh gedi.Tapi bar wes mari tak jajak enak poll ibuk ku yo omong"enak wis sip".
Pas prei aku yo neng omahe Simbah seng omahe ora adoh teko omahku.Aku rono biasane saben isuk karo bengi.Biasane lek isuk aku ngeteri sarapan,terus lek bengi aku mek dolan tok.Aku neng omahe Simbah uduk mek dolan biasa tok tapi yo mergo Simbah lagi loro sakliyane kui yo mergo Dheweke empun sepuh.
dina Minggu aku nekani acara khotmil Qur'an neng masjid sanding omahku.Acarane wiwit jam setengah wolu sampek jam setengah rolas isuk.Acarane yo koyok biasane maca Al Qur'an terus barano mangan bareng ngae leser terus lek wes mari muleh dewe-dewe.
rong dina sakdurunge mlebu sekolah aku ngoleki buku-bukuku kelas Pitu Karo kelas wolu aku takok neng ibukku"buk bukuku kelas pitu karo wolu neng endi?"Ibukku nyauri"neng nduwur sek tak golekne".mergo sok lek pas arep ujian Ben Ndak usah bingung ngoleki,karo Ben iso nyicil sinau titik-titik.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar