Elmira Putri

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Endahe Paris

Endahe Paris

Wayah libur sekolah, aku lan keluargaku dolan ing Magetan. Budal jum'at tanggal 27 Desember 2024. Tekane ning magetan gone utiku, aku langsung leren turu amarga kesel perjalanan. Isuke karo ibuku, aku di utus umbah - umbah klambi "dek, ndang umbah - umbah ben gak numpuk" ujare ibuku ning aku "nggih buk tak umbahe" ujarku ning ibuk karo mlaku, bar umbah-umbah aku langsung mepe klambi ne kui.

Awane aku dijak metu karo bapak ibuku ning patung merlion. Ning kono adewe iso dolan ning berbagai negara koyok Mekah, Singapura, Paris, lan negara liane. Adewe munyer- munyer mulai teko Mekah, teko Mekah adewe leren tuku jajan sing enek ning cedek kono. Bar leren langsung lanjut ning spot foto gone Paris, ning kono enek mas mas sing nawari jasa foto " Jasa foto 1 foto 5.000" krungu kui bapakku langsung ngajak foto "lumayan murah loh buk, ayo foto keluarga" ujare bapakku. Bare foto, langsung lanjut ning nggon sebrange yoiku Singapura. Ning kono aku gak foto amarga wes kesel mlaku, dadi tukang foto bapak lan ibuku " dek, fotokno ayah karo ibuk" ujare bapakku ning aku "nggih pak pundi HP ne" jawabku ning bapak. Wes munyeri kabeh negara, aku muleh soale wes bingung arep nandi eneh karo wes kesel. Ning perjalanan dalane ora pati rame koyok biasane, kabeh uwong mesti ne podo mudik ning gone dewe-dewe. Aku mung turu ning jero mobil karo foto-foto, soale jarang foto pas gae klambi apik.

Teko omah aku langsung ganti klambi lan rijik-rijik awak. Aku mung dolanan HP soale dulurku magetan podo ning pasuruan kecuali mbah kakung uti. Tibake bengi ne aku digaekne tahu isi karo mbah uti " kilo nduk tak gaekne tahu isi " ujare uti marani aku "nggih ti, matursuwun" jawabku. Kabeh mangan tahu isi karo crito bareng-bareng ning ruang tamu. Kesel dolanan HP karo crito, mbah kakung uti wes mbalek ning kamar disek kanggo turu. Aku ning kamar mandi ape sikatan untu lan wudhu gae sholat isya'. Bar isya' an aku langsung turu ning kamar karo ibuku, bapak lan masku turu ning ngarep TV. Isuke aku tangi sholat subuh, banjur sholat aku turu maneh soale sek ngantuk banget. Sekitar jam 7 nan, aku digugah ibuku kon tangi " dek, tangi wes isuk ojo turu ae. Ayo ngewangi masak ibuk karo mbah uti" aku sing sek ngantuk terpaksa tangi kanggo ngewangi. Masake wes mari aku langsung mangan bareng-bareng ning ngarep tv. Bar mangan aku adus karo siap siap ape muleh ning Tulungagung. Jam 10 an aku mulai perjalanan muleh. Sek lagek perjalanan moro-moro enek konvoi, dadine mandek dilut ning indomaret. Aku karo ibuku mlebu indomaret bapak karo masku tuku es teh karo golek kersen. Gak sui-sui langsung lanjut perjalanan sakdurunge konvoi ne tambah rame. Ning perjalan aku mung turu goro-goro keganggu karo konvoi ne. Teko Ponorogo konvoi ne tambah rame, akhire menggok ning sambel ijo karo ngenteni konvoi ne mari. Sak durunge mangan aku sholat dhuhur sek. Wes mari mangan, aku langsung lanjut perjalanan.

Saking macet e ning dalan, sing kudune perjalanan mek butuh waktu 3 jam maleh 5 nganti 6 jam. Maghrib lagek teko omah goro-goro macete ngluwihi wulan poso. "Yaallah biasane gur 3 jam kok maleh 5 nganti 6 jam" ujare ibuku sing wes kesel perjalanan. Teko omah aku ngedokne barang-barang karo mepe klambi sing urung garing ning tas. "Alhamdulillah wes mari mepe klambi" ujarku, aku adus pisan sholat maghrib, langsung turu goro-goro kekeselen.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post