MANCING ELOK BAWANG
Libur semester Iki, aku nganggur neng omah karo dulinan HP. Tapi kadang aku yo ngresiki omah koyok nyapu, ngepel, lan nglakoni penggawean omah liyane. Dinå iki, bar resik-resik aku ngundang bocah-bocah moro nek omahku. Tapi seng teko nggur Varo karo Naufal, aku karo Varo dulinan PUBG, Naufal dulinan sound nek e bapakku. Wayah aku asik-asik e dulinan PUBG karo Varo, ana suara "BRUAK!!" Aku karo Varo kaget, tibakno iku suara saka sound seng ceblok, mergane Naufal lek nyetel kebanteren. Nalika di cek sound e iku amoh ing bagian cop-copan, Naufal langsung inisiatif ndandakne. Karo Naufal langsung digawa ing bakul sound Ngadi njaluk tulung di dandani, biaya ndandani 5 ewu karo tuku cop-copan anyar 10 ewu. Bar iku di jajal ing omah, alhamdulillah e iso muni.
Bar adzan dhuhur, moro-moro Naufal omong,"gok ayo mancing, timbangan e suwung ngene iki, piye?" Aku langsung ngiya ni ajakane Naufal, "iki enek seng nduwe pancing ora?" Naufal takon maneh, aku omong ing Naufal lek aku nduwe, aku langsung njupuk pancing ing kamarku, sakjane aku ora iso mancing, ning mumpung enek seng ngejak yo tak iyani ae. Aku, Varo, karo Naufal budal mancing bar sholat dhuhur, sak durunge iku aku mampir nek omahe Man (Resta) arep nyilih pancing. Pas nek kono pancing e Resta ora nek omahe sek nek omah e kancane, Naufal karo Resta njupuk pancing nek omah e kancane Resta, aku karo Varo nunggu nek omah e Resta. Resta karo Naufal wes mbalik, moro-moro udan rintik-rintik bar ngunu deres, gelem ra gelem aku karo cah-cah kudu ngenteni terang disek. Aku, Varo, Naufal, Resta jagongan karo ngenteni terang, alhamdulilah e ngenteni sedilut langsung terang. Aku, Varo, Naufal langsung pamitan nggene Resta bar ngunu OTW brantas, Resta ora melu, mergane karo ibune ora di olèh i. Mbasan teko brantas aku karo cah-cah wes mudun kacek pirang menit brantas e banjir, "damen, wes teko kene malah banjir," omong e Naufal seng ketara rodok kecewa. Bar kui cah-cah mulih nek omahe dewe-dewe, mancing e dilanjut sesok lek ora banjir.
Sesok isuk e jam 9-an, aku diparani Mamad "loh, melu mancing e mad?" Takon ku. "Yo piye eneh, timbangan e suwung nek omah," jawab e Mamad. Aku karo Mamad langsung OTW menyang omah e Naufal, aku nek omah e Naufal nyeting pancing karo ngenteni cah-cah liyane. Sekitar jam setengah 10-an Resta teko nek omah e Naufal. "Alhamdulillah teko yoan cah iki, karek ngenteni Varo brati," ujarku. Wes sekitar 15 menit ngenteni Varo, bocah e gak teka-teka "Mad jajal Varo telponen," ujare Resta seng wes gak sabar pengen mancing. Mamad langsung nelpon Varo, "Mmm.. nyapo telpon ki?" Suarane Varo sing koyok e tangi turu. "Sek tas tangi we?" Takon e Mamad. "Iyoo, nyapo?" Ujar e Varo. "JOHH! Lali we, ndeingi omong mu mancing jam 9-an," jar e Mamad rodok ngegas. "Oiyo.. lali aku, disik o aku arep adus sek," jawab e Varo. "Yowes, tak disik karo cah-cah," ujar e Mamad karo mateni telpone. Aku, Naufal, Resta, Mamad langsung OTW brantas, ing brantas cah-cah wes nyemplungno umpan lan fokus marang pancinge dewe-dewe.
Srengenge wes nek ndhuwure polo, Varo seng omonge adus durung teka-teka. "Wes mbuh, ngene ki mending ngopi ae!" Ujar Naufal. Cah-cah seng krungu Naufal muni ngunu langsung semangat ngiyani.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Gacor opo boncos mas?
Boncos kang