Belva Elrica

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Momen Bareng

Momen Bareng

Dening Belva Elrica Dewi/07/IX-E

Ing sawijining dina Minggu, aku lan kanca-kanca padha setuju ketemu ing omahe Kirana. Rencanane arep kumpul lan gawe rujak buah kanggo dipangan bareng. Awale rencana iki wes di rencanakne awal bulan nanging enek salah siji seng ora iso teko akhir e diundur dadi akhir Desember. Nanging panggah enek seng ora iso teko amarga isih neng pondok durung mulih, tapi bocah lanang panggah mekso Minggu iki amarga arepe dolan dewe.

Aku, Astri lan Fany teka ing omah e kirana banjur langsung tuku buah kanggo di gae rujak supaya cepet, "Iki tuku buah opo ae" takonku marang kirana. "Semangka, nanas, melon karo bengkoang" jawab kirana, aku langsung tuku karo Astri, Kirana lan Fany nyiapne barang seng arep digawe rujak an. Sawise aku tuku buah Kirana banjur ngabari kancaku lanang supaya ngewangi motongi buah. Sawise kancaku pada teka Kirana banjur ngomongi supaya ngewangi ngupas buah "Iki lo ewangono ojo nggolek gampang ae" omong Kirana marang bocah-bocah "Tak nggawe bumbu ae aku" ujar Satria, "Halah opo iso" jawab Astri, "Wong aku wes ahli" ujar Satria percaya diri. Akhir e seng laine motong buah lan nyiapne banyu es. Sawise mari kabeh bocah bocah langsung nyampur buah karo bumbu ne lan langsung dipangan bareng karo cerita cerita.

"Ayo kapan kapan neng pantai bareng, sekali kali dolan bareng "Ajak Satria marang bocah bocah. "Halah kaya tenan ae." ucapku amarga sering nduwe rencana dolan bareng nanging ora ana sing sido budal. "Aku iso ae laine seng pie?" ujar Satria. "Melu cah cah ae" jawab Nasrul. "Kapan kapan menawa enek waktu." lanjut Astri. "Aku ora ngerti iso opo endak," ucap Fany amarga dheweke sibuk latihan voli. "Rasah melu ae" jawab Satria sembrono. Ing tengah tengah cerita ana adzan dhuhur, Nasrul ngajak laine sholat mumpung omah e Kirana cedak karo musholla. "Ayo sholat sek" ajak Nasrul, akhir e bocah bocah sholat ing musholla. Sawise rampung sholat bocah-bocah lanjut cerita cerita nganti ora sadar wes jam 2 awan. Bocah bocah wes arep ngresiki sing digawe rujakan nanging karo ibu e kirana di gaekna seblak, akhir e bocah bocah ora sido ngresiki lan mangan seblak. "Peh jane ngeneki ra penak tapi nek ditolak yo eman eman" ucap e satria karo mangan seblak e "Modelmu" jawab Kirana. Sawise mangan seblak Fatih marani ing omah e Kirana, dheweke nembe mulih saka pondok langsung diceluk Satria. Untung ae rujak e durung sido diresiki dadi Fatih iso njajal rujak sing digawe Satria.

Ora kerasa wes jam 3 sore bocah bocah langsung ngresiki sing digawe rujakan lan mangkok digawe seblak. Sawise rampung kabeh ora lali foto bareng digawe kenang kenangan, sawise foto bocah lanang langsung mulih amarga ape dolan dewe. Aku, Astri lan Fany nyusul pamitan marang Kirana banjur mulih amarga wis peteng dhedhet.

Kumpul bareng bocah bocah iku hal sing nyenengake soale bisa nuduhake crita lan informasi. Kegiatan iki asring ditindakake paling sapisan sasi supaya tetep bareng lan tetep akur siji lan sijine.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post