aurel

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Bakar-Bakar Karo Kaluwarga
https://pin.it/4TKSIgtw5

Bakar-Bakar Karo Kaluwarga

dening : Annisa Aurelia Zahra 9E

"Rel..." Ibu nyeluk aku, "dalem bukk..." Wangsulanku, ibuk dhawuhi aku gawe nyepakake panggonan kanggo bakar-bakar mengko bengi. Acara kaluwargane diwiwiti jam 8 bengi tapi ibuku lan aku wis cepak-cepak panggonan sing digawe bakar bakar mengko. "tingg..tingg..." suara hpku muni, tibakno sepupu-sepupuku wis teka. Aku langsung mlayu bukakake lawang lan nyambut keluarga ku sing wis teka.

Aku lan sepupu-sepupuku langsung sibuk nyiapake bahan-bahan dinggo bakar-bakar mengko bengi, sepupuku sing siji nggulungi daging dinggo dipanggang, sepupuku sing siji maneh kebagian ngewangi ngethok i jamur enoki. Tapi sepupuku ana sing ora isa masak dadine mung dolanan hp karo ngenteni aku lan sepupu-sepupuku liyane nyiapake bahan-bahan.

"Lho kok gas e entek, piye to gas e kok entek" ngomel sepupuku. "Kui lho neng sandinngmu ana gas sing anyar" wangsulanku ing sepupuku. "Aku ora isa masang gas, sopo iki sing iso?" takon sepupuku amarga ora iso masang gas. Aku langsung nyeluk adikku amarga bocahe isa masangne gas.

Sepupuku lan tanteku langsung manggang daginge pas gas e wis kepasang ing kompor, tibake aku lali durung gawe saus olesane. Akhire aku langsung mlayu ing dapur gawe saus olesan daging kui, tapi bawange ora ana sing wis dikupas dadine aku ngupasi karo ngulek bawange.

Pas aku bali daging sing dimarinasi wis entek diserbu sepupu-sepupuku lan keluarga ku padahal aku sik mangan sak sendok tapi amarga aku repot dewe durung sempet mangan akeh wis entek, tapi untunge sik ana sosis, jamur enoki, lan ayam bakar.

"Kok enek sing kurang ya?" omonge sepupuku, "opo ya sing kurang?" wangsulanku ing sepupuku. "Loh iki maeng durung gawe es to?" omonge sepupuku. "Lohh iyo durung gawe es, wes lekno ayo gawe es ing dapur. Aku lan dulurku langsung gawe es ing dapur, amarga wis sui ora gawe milo dinosaur aku gawe milo dinosaur sak teko dinggo ngombe karo dulur-dulurku.

Sak wise bakar- bakar aku lan sepupu-sepupuku dolanan game sing viral ing tiktok, game ne yaiku ngira-ngira apa sing diomongke tapi sing ngerungokake kudu gawe headphone. Aku ngomong "uni bakwan nyemplung kolam" tapi sepupuku krungune "ular dolanan", sing gawe gamene seru yaiku salah ngira omongane.

Kegiatan selanjute sepupuku ngajak aku tuku kembang api lan mercon, tapi aku karo ibuku ora oleh dolanan mercon amarga ana berita kebakaran penyebabe mercon. Padahal sepupuku pingin dolanan kembang api lan mercon. Amarga ora isa dolanan kembang api aku lan dulurku mung ndelok ing teras ngarep omah, senajan ora iso dolanan kembang api aku tetep seneng isih isa ndelok kembang api ing teras omah.

"Kok wis jam semene" omonge sepupuku, "ayo turu aku wis mumet" wangsulanku amarga aku lagi demam tinggi tapi nekat melu bakar-bakar. Pas wis ngerasake mumet aku langsung ngajak sepupu-sepupuku turu, tapi pas wis ning kamar aku tetep ora isa turu amarga guyonan karo sepupuku.

Jam 2 bengi aku karo sepupuku tangi tapi ora ngerti arep nyapo, dadine aku lan sepupuku bakar-bakar meneh mergane bahane sisa sak durunge isih ana. "Enak opo ora masakanku?" takone sepupuku, "kelegen bumbune iki" wangsulanku. Aku ora seneng masakan legi dadi aku gawe bumbu olesan dewe.

"Diringkesi Iho ya iki engko" omelane mbahku ndelok meja makan e berantakan meneh. "lyo tak ringkesi engko" wangsulane sepupuku ing mbahku.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post