Amellia putri alisya

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
LIBURANKU ING TAHUN ANYAR 2025

LIBURANKU ING TAHUN ANYAR 2025

dening: Amellia putri alisya IX-E

Nalika preian taun anyar aku lan ibu bapaku ora menyang ngendi-endi, nanging aku ana ing omah. Kegiyatanku ing ngomah yaiku ngrewangi ibu lan bapakku wektu preinan.

aku wiwit tangi jam 04.00, aku ora tangi dhewe, nanging ibuku nggugah aku kanggo sholat subuh . Sakwise sholat subuh aku karo ibuku budhal blanja sayur, aku ngrewangi ibu masak, aku dikon ngupas. ibuku ngomong “Amell, tulung aku nyiapake bahan-bahane” aku mangsuli ibu “inggih ibu badhe nyawisaken”, sakwise ibu masak aku nimbali bapak lan mbah putri sarapan bareng-bareng aku ngrewangi ibu ngumbah piring. jam 08.00 resik-resik omah nyapu, ngepel, nata kamar lan resik-resik teras ngarep omah sakwise aku resik-resik jam 10.00 aku ngewangi bapakku nyuci motor lan ngrewangi resik-resik kandang sapi nyiapake nedha awan karo ibuku, jam 04.00 nganti jam 06.00 aku lali sholat Asar lan Maghrib amarga aku keturon. trus jam 07.00 aku wes mulai ngantuk, tapi ibuku nimbali aku trus “Amel, ayo cepet sholat isya” kandhane ibuku amarga aku mulai ngantuk, akhire aku langsung wudhu lan kesusu sholat Isya banjur mangan bareng.

Aku lan ibuku bakal langsung mangan sawise rampung mangan aku nonton TV sedhela lan jam 09.00 aku langsung menyang kamar kanggo ngresiki kamarku lan aku banjur turu.nanging jam 09.00 aku ora biso turu, akhire aku nguripake musik lan ngenteni jam 12.00 merga pengen ndelok kembang api, pas krungu suara kembang api aku metu saka kamar lan weruh lan nang kono aku ndedonga supaya taun 2025 luwih apik, dikelilingi wong-wong sing apik.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post