Amaliyah

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Kegiatan Pertengahan Libur Sekolah

Dening: Rohmatul Amaliyah/9A

Ing pertengahan libur sekolah, isuk-isuk sakwise tangi turu aku dikandani ibu. "Nduk, mengko rewangana ibu masak amarga mbakyu momong adikmu," kandhane ibu marang aku. "Enggeh Bu, ajenge masak nopo?" Pitakonku marang ibu. "Arepe masak soto, Nduk," wangsulane ibu. Banjur kui aku diutus ibu ngonceki bawang, brambang lan lombok, dene ibu tuku pitik lan bahan-bahan liyane. Sakwise aku mari, ibu teka."Nduk, ibu njaluk tulung umbahna pitike, , ibu arepe nandangi liyane," kandhane ibu."Nggeh, Bu," wangsulanku.

Sakwise mari, aku diutus golek godhong salam ning sandeng omah lan tuku kambil amerga ibu lali ora tuku. Banjur aku mulih, ibu lagi godhok pitik. Karo ngenteni empuk, aku ngisahi perabotan masak sing wis nggak digawe. Sakwise pitik wes empuk, banjur dientas lan diwenehi bumbu. Karo ngenteni mateng ibu nyapu pawon. Banjur wes mateng aku, ibu lan mbkyu sarapan bareng.

Nalika aku dholanan hp, mbkyu nyeluk aku. "Tul, renea!" Celuk mbakyu. "Dalem, nyapo?" Pitakonku marang mbakyu. "Awakmu bosen nggak?" Pitakon mbakyu. "Hooh jane, nyapo?" Wangsulanku. "Enggak, awakmu ke kayak arepe tuku tas, sido pondak? Pitakon mbakyu."Sido, Yoh sak iki!" Pangajakku. "Yo karo mlaku-mlaku , sek tak salin," wangsulanku.

Sakwise wes siap aku, mbakyu kan adiku pamit marang ibu. "Bu, Budhal riyen," kandhane mbakyu."Arep menyang ngendi?" Pitakon ibu. "Ajenge mlaku-mlaku kaleh ngeterne Matul tumbas sepatu," Wangsulan mbakyu. "Yo, ati-ati aja balap-balap," wejang ibu."Enggeh, Bu," wangsulan mbakyu."Assalamualaikum," pamitku marang ibu. "Waalaikumsalam," wangsulane ibu.

Banjur pamitan aku, mbakyu lan adikku budhal numpak montor. Atiku seneng banget amerga bisa mlaku-mlaku ndelok suasana njaba. Teka tengah ndalan ujuk-ujuk adikku nangis, jebulna bocahe ngantuk. Sakwise tak slimur adikku turu. "Piye bocahe wes turu?" Pitakon mbakyu. "Uwes, sektas?" Wangsulanku. "Iki ndek toko sepatu sek ya?" Pitakon mbakyu."Iyo," wangsulanku.

Sakwise iku, teka ning toko sepatu. Ning kono aku milih lan jajal sepatu. Banjur iku, aku ngejak adikku ning ngarep toko ndelok jaran sing ngeterne penumpang keliling kutha, dene mbakyuku sek bayar sepatu.

Banjur iku mulih nanging mbakyuku pengen liwat alun-alun. Ning kono akeh pengunjunge, teka cah cilik nganti wong tuwa. Ning kono akeh panggonan sing dingge menarikne pengunjung kayata panggonan dingge dholanan cah cilik, banyu mancur, manuk dara, lan panggonan sing kenek dinggo poto.

Malah ana jaran sing dinggo ngeterne penumpang keliling ning sekitare alun-alun, nanging panggah enek kusire sing ngendalekne jaran. Saumpama pengunjung arepe salat iso ning masjid sandinge yaiku masjid Al-Munawwar.

Sakwise iku, teka tengah dalan mbakyuku ngajak tuku seblak."Tul," celuk Mbakyuku. "Dalem, nyapo?" Pitakonku marang mbakyuku. "Ayo tumbas seblak!" Pangajak mbakyu marang aku. "Yo, ning ndi?" Pitakonku marang mbakyuku. "Ning biasane," wangsulan mbakyuku.

Akhire teka ning nggone bakul seblak. Ning kono aku lan mbakyuku milih-milih toping, dene adikku turu teka dalan maeng.

Sakwise seblake wes mateng, banjur mulih. "Assalamualaikum." Salamku marang ibu. "Waalaikumsalam," wangsulan ibuku. "Adike bubuk, Nduk?." Pitakon ibuku marang aku. "Enggeh," wangsulanku.

Sakwise iku aku salin klambi, dene mbakyuku nurokne adikku. Banjur aku njupuk wadah karo ngejak ibu maem seblak bareng."Bu, Ikilo seblak ayo maem bareng!" Pangajakku marang ibuku. "Iyo, Nduk," wangsulan ibuku. "Enak, Bu?" Pitakonku marang ibu. "Kok enak, Iki meng ngendi?" Pitakon ibuku. "Yo kayak biasane," wangsulanku marang ibu.

Sakwise iku, aku ngganteni mbakyuku nunggoni adikku sing lagi turu. Banjur iku, ibuku tak dudohi sepatu sing tak tuku Iki maeng. "Bu, Ikilo sepatu lekku tumbas maeng." Kandhaku marang ibuku. "Apik, piro Iki meng, ndak kurang duite?" Pitakon ibuku. "Enggak, regane 200," wangsulanku marang ibuku. "Oh, yowes lakno, Alhamdulillah duite cukup," wangsulan ibuku. Banjur iku aku budhal adus amerga wis wiwit sore.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post