NALIKA LIBURAN SEKOLAH TEKA
Dening : Amadea Talita Salma, 8e
Nalika liburan sekolah teka, aku lan keluargaku tindak umroh. Nalika umroh, kita ngunjungi panggonan-panggonan ibadah sing biasane dikunjungi umat Islam, sing ana ing Makkah lan Madinah. Sing pisanan, Masjid Nabawi, yaiku masjid ing kutha Madinah, Arab Saudi. Masjid Nabawi iki masjid kapindho sing dibangun ing sajarah Islam lan dadi masjid paling gedhe nomer loro ing donya. Masjid iki dianggep minangka panggonan suci dening umat Islam, “MasyaAllah, ciptaane gusti Allah apik banget” miturutku karo nyawang masjid nabawi.
Sing kapindho, Masjidil Haram, yaiku masjid ing kutha Makkah sing dipandang minangka panggonan paling suci kanggo umat Islam. Masjid iki uga dadi tujuan utama ing ibadah haji. Masjid iki dibangun ngubengi Ka’bah sing dadi arah kiblat kanggo umat Islam nalika nglakoni ibadah salat.
Sing katelu, Bukit Shafa lan Marwa, yaiku panggonan suci lan sajarah kanggo umat Islam. Sajarah terbentuke Bukit Shafa lan Marwah iki uga dijelasake ing macem-macem buku, hadist, nganti Al-Qur’an. Kaloro bukit iku gegayutan karo kisah Nabi Ismail.
Sing kapapat, Jabal Rahmah, yaiku bukit watu sing ana ing sisih kidul Padang Arafah, udakara 25 kilometer ing tenggara Kutha Makkah, Arab Saudi.
Sing kalima, Gua Hira, yaiku panggonan Nabi Muhammad nampa wahyu saka Gusti Allah kanggo pisanan liwat malaikat Jibril. Gua iki dadi panggonan Nabi Muhammad nyepi saka masyarakat Arab sing nalika kuwi isih nganut agama politeis Arab.
Sing keenem, Gua Tsur, yaiku panggonan sing dienggo Nabi Muhammad kanggo ndhelik nalika hijrah. Nalika perjalanan hijrah, Nabi Muhammad SAW ndhelik ing gua sing jenenge Tsur. Gua Tsur iki dadi panggonan kanggo ngindhari kejaran saka kaum kafir Quraisy.
Sing kapitu, Maqom Ibrahim, yaiku watu panggonan Nabi Ibrahim ngadeg nalika mbangun Ka’bah, lan isih akeh maneh panggonan liyane sing dikunjungi.
Aku lan keluargaku bersyukur banget diwenehi kesempatan umroh bareng. “Alhamdulillah, adewe iso diparingi kesempatan iso umroh bareng” pangendikane ibuku bersyukur banget. Wektu kuwi, ing kana panas banget, mula saka kuwi kita tuku ombenan supaya ora ngelak amarga panas. Kita uga tindak menyang pasar kanggo tuku oleh-oleh sing digawa bali. Kita tuku coklat, kismis, lan uga kurma.
Sakwise rampung umroh, kita tindak menyang Dubai. Ing kana, kita ngunjungi panggonan wisata kaya Dubai Aquarium & Underwater Zoo, Dubai Safari Park, lan Aquaventure. Dubai Aquarium & Underwater Zoo yaiku semacam akuarium, kita bisa ndeleng iwak-iwak sing ana ing akuarium. Akuariume gedhe banget, mula kita bisa ndeleng iwak-iwak sing renang kanthi cetha.
Sabanjure, kita ngunjungi Aquaventure, yaiku taman banyu paling gedhe ing donya sing nduweni akeh wahana lan atraksi. Kita uga ngunjungi Dubai Miracle Garden, yaiku salah siji panggonan wisata ing Dubai sing paling warna-warni lan apik banget. Taman iki nduweni akeh kreasi kembang sing dibentuk dadi susunan sing endah.
Nalika ing Dubai, kita nggoleki nasi pecel. Sawise ngubengi nggoleki nasi pecel, jebule ora ana ing kana. Amarga kita kangen banget karo nasi pecel, kita mutusake bali wae. Tekan omah, kita langsung tuku nasi pecel lan mangan bareng. Kita uga mbagekake oleh-oleh marang tangga-tangga sekitar omah. Kita mbagekake coklat, kismis, kurma, lan oleh-oleh liyane sing wis kita tuku saka Makkah. Tangga-tangga seneng banget amarga entuk oleh-oleh umroh.
Sawise kuwi, amarga aku lan keluargaku banget kesel amarga perjalanan adoh, aku banjur turu ing omahku. “De de, ayo tangi wes awan iki lho opo ga sekolah?”ujare ibuku wektu mbangunkake aku. Nalika aku tangi, jebule kabeh seng tak alami iku mung ngimpi.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar