Ahmad Muzamil

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Di Ganjar Ing Tahun Anyar

Di Ganjar Neng Tahun Anyar

Minggu esuk tanggal 29 Desember 2024, aku dolanan HP nganti awan. Wektu awan kuwi awakku mulai anget lan sirahku lekas mumet. Banjur aku mangan awan terus ngombe obat Paracetamol. Sakdurunge bengi, awakku krasa panas banget, sirahku mumet banget, weteng rasane mual, lan sak awak krasa lara kabeh. Banjur ibu ngutus aku ngombe jus jambu lan sari kurma. Sawise Maghrib, aku Langsung periksa nang Puskesmas Karangrejo lan diwenehi obat supaya panase mudhun. Aku diwenehi Obat Antasida Doen lan Domperidone kanggo diombe sakdurunge mangan supaya rasa mual sudo. Obat sing diombe sakwise mangan yaiku Paracetamol lan Chloramphenicol kanggo nurunake suhu Awak. Senajan wis ngombe obat, awakku durung cepet waras.

Selasa esuk, aku dianter ibu menyang Puskesmas Jeli. Wektu kuwi uga darahku dijupuk kanggo Dicek neng laboratorium, kanggo mesthekake apa aku positif kena penyakit DBD utawa Demam Berdarah Dengue. Sawise hasil e metu, jebul aku kena penyakit DBD, tipes, lan trombositku mudhun Karek 112.000. Aku diwajibake rawat inap neng Puskesmas Karangrejo. Esuk nganti awan, wetengku Isih mual lan kadang nganti muntah-muntah, lan diare nganti ping telu. Aku lan ibu cepet-cepet mangkat Menyang Puskesmas kuwi. Aku langsung diinfus lan sakdurunge sawetara menit, aku mual lan muntah Maneh. Sawise kuwi, aku dipindhah menyang kamar rawat inap lanang, yaiku ruang Pisang. Esuk-esuk, Aku diwenehi sarapan lan diwenehi obat. Obate ana Paracetamol, Attapulgite, Zinc Sulfate Monohydrate, Cetirizine Hydrochloride, lan vitamin B. Sawise mangan, aku ngombe obat kuwi lan Alhamdulilah diareku mari. Sawise kuwi aku main HP nganti awan. Petugas sing nganter panganan Teka, aku langsung mangan panganan kuwi terus ngombe obat maneh. Aku nerusake main HP nganti Sore, nonton YouTube Nadia Omara kanggo ngrungokke cerita horor-horor supaya ora bosen. Ora Suwe, panganan bengi teka, aku langsung mangan lan sakwise mangan aku ngombe obat maneh. “Bun jukokno jus jambu karo sari kurma”, tembung Jamil. “Yo le” tembung ibun. Aku Uga ngombe jus jambu lan sari kurma. Sawise telung dina ora mari-mari, aku isih ngrasakke badan Panas nganti suhuku tekan 40,1°C, weteng ora enak kanggo mangan, isih rada mumet, lan badan Digerakna isih krasa lara. Ing dina kuwi, dicek maneh trombositku mudhun dadi 91.000, normal e 150.000.

Ing dina kaping papat neng Puskesmas, aku wis rada enakan. Esuk-esuk aku wis iso mangan luwih enak, panase wes mudhun weteng ora mual, lan ora mumet maneh. Esuk kuwi lekas krasa luwe, mula ibu tuku bubur neng toko njaba Puskesmas. Sawise kuwi aku mangan terus ngombe obat, banjur main HP ngrungokke cerita-cerita horor lan main Game. “Bun jukok no camilan nek mejo kuwi” tembung jamil,”yo le” tembung ibun. Aku pengen mangan cemilan. Meh jam 9 aku dicek trombosit neng lab, lan hasil e metu, trombositku malah mudhun dadi 68.000, padahal aku wis mulai enak mangan lan mangan Cemilan. Sakdurunge awan, aku ngenteni petugas sing nganter panganan, lan sawetara menit mengko Petugas teka nggawa panganan. Aku langsung mangan panganan kuwi, terus istirahat awan. Tangi tangi jam 4 sore, aku resik-resik awak lan ganti klambi, banjur ngrungokke cerita-cerita horor sinambi nunggu Maghrib. Sakwise Maghrib, petugas nganter panganan teka maneh lan aku langsung mangan. Sakwise mangan, aku ngombe obat. Esuk esuke, darahku dijupuk maneh kanggo dicek neng Laboratorium. Aku menunggu hasil e karo harap-harap cemas, lan alhamdulilah hasil e apik, trombositku Munggah dadi 92.000. Dokter ngijini aku bali. Sesuke, jam 12 Awan aku iso bali neng omah karo keadaan sehat walafiat.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post